Selasa, 31 Mei 2011

Bayaran

Ati mamang yen ndulu kang dadi kanyatan
struk gajian kebak kembangan
tharik-tharik kakehan potongan

dhompet mung kanggo ampiran
persis kaya terminal
ora kober mandheg senajan mung sakpenginang

ah
kawula alit
kang tansah urip weteng klikikan

senajan mangkono
aku isih rumangsa begja
tinimbang para koruptor
kang urip keceh bandha
nanging bandhane para kawula

Tidak ada komentar:

Posting Komentar