Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing ukum
kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guronana kaki
Sartane kawruhana
Werdiningkang warsita jinarwi
wruh ing ukum iku watekira
adoh marang kanisthane
Pamicara puniku
weh reseping sagung miyarsi
kagunan iku kinarya
ngupa boga dene kelakuwan becik
weh rahayuning raga
Tidak ada komentar:
Posting Komentar